KADURJANAN SAJRONE CERBUNG GEGER NUSABIRU ANGGITANE MARYUNANI PURBAYA (Tintingan Strukturalisme Genetik)
Main Authors: | SARASWATI, GANESTYA, , DARNI |
---|---|
Format: | eJournal |
Bahasa: | ind |
Terbitan: |
BARADHA
, 2013
|
Online Access: |
http://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/3185 |
Daftar Isi:
- Ganestya Saraswati Pendidikan Bahasa Daerah (Jawa), FBS, UNESA (ganestya_saraswati@yahoo.com) ABSTRAK Maryunani Purbaya sawijining pangripta sastra Jawa Modern kang reriptane akeh ngrembug gegambarane kadurjanan salah sawijine yaiku korupsi. Cerbung Geger Nusabiru iki uga nggambarake kadurjanan korupsi, lan uga tindak durjana liyane. Anane gegayutan antara karya sastra karo kanyatan kang dumadi, mula panliten iki nggunakake tinthingan Strukturalisme Genetik. Underane panliten yaiku: (1) kepriye aspek tematis sajrone cerbung GN?; (2) kepriye gegambarane kadurjanan sajrone cerbung GN?; (3) kepriye pamawase bebrayan agung ngenani kadurjanan sajrone kasunyatan sosial?; (4) kepriye pamawasing jagad ngenani kadurjanan sajrone cerbung GN?. Ancase panliten yaiku: (1) ngandharake aspek tematis sajrone cerbung GN; (2) ngandharake gegambarane kadurjanan sajrone cerbung GN; (3) ngandharake pamawase bebrayan agung ngenani kadurjanan sajrone kasunyatan sosial; (4) ngandharake pamawasing jagad ngenani kadurjanan sajrone cerbung GN. Panliten sastra iki nggunakake metode diskriptif kualitatif. Sumber data cerbung GN anggitane Maryunani Purbaya, kapacak ing kalawarti Panyebar Semangat. Data panliten arupa tembung, ukara, wacana, lan solah bawane paraga sajrone cerbung GN. Data ekstrinsik kang gegayutan karo pamawase bebrayan agung sajrone kasunyatan sosial lan pamawasing jagad ngenani kadurjanan sajrone cerbung GN. Tata cara nglumpukake data yaiku metode pustaka lan wawancara. Instrumen kanggo nindakake panliten iki yaiku panliti dhewe. Tata cara pangolahe data nggunakake analisis isi kanthi tinthingan strukturalisme genetik. Asile panliten kapisan aspek tematis sajrone cerbung GN, kapindho gegambarane kadurjanan sajrone cerbung GN yaiku nyogok, rajapati nalika kahanan eling lan ora eling, nyolong, dagang barang ilegal, rerebutan kalungguhan kanthi cara ngancem lan nyulik, korupsi, mrawasa, lan nylundhupake candhu. Katelu pamawase bebrayan agung kaperang dadi loro, pamawase pangripta yaiku kabeh bab kang dumadi sajrone cerbung-cerbunge Maryunani Purbaya minangka kaca benggala lan kritik marang kahanane kang dumadi ing negara iki nalika lan kabeh reriptane kawedhar kanthi nggunakake imajinatife. Pamawase bebrayan ngenani kadurjanan sajrone kasunyatan sosial, salah sawijining yaiku tindak kadurjanan korupsi, anane pawarta tumrap polahe para panguwasa yaiku nyolong kayu alas lan rerebutan kakuwasan kanthi cara nyogok, selaras karo kadurjanan korupsi kang dumadi ing jaman saiki. Kapapat pamawasing jagad ngenani kadurjanan sajrone cerbung GN kayata bebasan “Sapa Salah Bakal Seleh”, tegese sapa kang salah utawa luput wusanane bakal kalah. Kabeh paraga-paraga kang tumindak durjana sajrone cerbung GN iki wekasane kalah, saperangan ana kang nindakake tobat lan liyane ana kang nemahi patine.