TINDAK TUTUR ILOKUSI DAKWAHKH. ANWAR ZAHID SAJRONE PENGAJIAN UMUM ING DESA KANOREJO KECAMATAN RENGEL KABUPATEN TUBAN
Main Author: | EKAWATI, SUNU |
---|---|
Format: | Article info Document eJournal |
Bahasa: | eng |
Terbitan: |
Universitas Negeri Surabaya
, 2017
|
Online Access: |
https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/19343 https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/19343/17666 |
Daftar Isi:
- Abstrak Tindak tutur ilokusi dakwah KH. Anwar Zahid sajrone pengajian umum nduweni bab kang unik, dibanding karo kiyayi liyane. Bab kang unik saka KH. Anwar Zahid yaiku nalika cramah agama kerep nggunakake basa Jawa logat Bojonegoro lan logat Surabayanan. Tuturane ceblang-ceblung apa anane, santai lucu, materi kang dituturake gegayutan karo bab kang wigati kayata bab akhlak, ibadah lan amaliyah. KH. Anwar Zahid kasebut kerep ngangkat perkara saben dina kang dialami dening masyarakat. Sakliyane kuwi bahasane gampang dimangerteni dening mitra tutur, apa maneh cramahe disuguhi stend up comedy ananging jamaahe akeh kang oleh paedah iman lan islam saka pengajian umum kasebut. Punjere panliten ana rong pitakonan yaiku (1) Kapriye tindak tutur ilokusi dakwah kang digunakake dening KH. Anwar Zahid? (2) Kepriye konteks dakwah kang digunakake dening KH. Anwar Zahid? Tujuwan ing panliten iki yaiku ngandharake jinis lan konteks tuturan sajrone dakwah kang dituturake dening kiyayi. Panliten iki nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif kang nggambarake dakwah minangka bab kang ditliti bisa menehi gegambaran kang cetha lan objektif ngenani tindak tutur sajrone pengajian umum.Sumber dhata panliten iki yaiku arupa Tuturan dakwah kang dituturake dening KH. Anwar Zahid. Dene teknik kang digunakake kanggo nglumpukake dhata yaiku teknik semak, teknik cathet. Panemukang digunakake yaiku panemuneJhon L. Austin lan Jhon Searle ngenani tindak tutur. Asile panliten kang sepisan yaiku bab Jinise tindak tutur ilokusi kang kaperang dadi loro yaiku tindak tutur ilokusi asertif menyatakan (Ngandhani), asertif menyatakan (Micara), asertif menyarankan (Menehi Anjuran), asertif melaporkan (Nuturake pawarta) lan asertif membanggakan. Dene tindak tutur ilokusi ekspresif kaperang dadi loro yaiku tindak ilokusi ekspresif marah (nesu) lan tindak ilokusi asertif mengakui (ngakoni). Kang kapindho yaiku konteks dakwah kang digunakake sajrone dakwah dening KH. Anwar Zahid kaperang dadi loro yaiku konteks eksistensial karo konteks aksional.