KONFLIK SOSIAL SAJRONE CERBUNG TIKUS BANGKOK ANGGITANE ADINDA AS (TINTINGAN SOSIOLOGI SASTRA)
Main Author: | NOVIANTI, ELIS |
---|---|
Format: | Article info Document eJournal |
Bahasa: | eng |
Terbitan: |
Universitas Negeri Surabaya
, 2017
|
Online Access: |
https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/19337 https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/19337/17660 |
Daftar Isi:
- Abstrak Konflik sosial mujudake prekara-prekara sing tuwuh jalaran anane sesambungan manungsa siji lan sijine. Cerbung Tikus Bangkok (CTB) anggitane Adinda AS ngandharake maneka werna konflik sosial sing dumadi antarane paraga siji karo paraga liyane. Punjere panliten iki yaiku: 1) Kepriye gegambaran konflik sosial sajrone CTB?, 2) Kepriye panyebab lan pamungkase konflik sosial sajrone CTB?, lan 3) Nilai-nilai apa sing diugemi masyarakat sajrone CTB? Adhedhasar punjere panliten kasebut, tujuwane panliten yaiku: 1) njlentrehake gegambaran konflik sosial sajrone CTB, 2) njlentrehake panyebab lan pamungkase konflik sosial sajrone CTB, lan 3) njlentrehake nilai-nilai sing diugemi masyarakat sajrone CTB. Paedahe panliten yaiku menehi sumbangan kanggo 1) kajian sastra, 2) pamaca, 3) pasinaon siswa, lan 4) panliti dhewe. Panliten iki nggunakake tintingan sosiologi sastra, mligine sosiologi sastra sing diandharake dening Wellek & Warren sing munjer marang teks sastra tanpa ngrembug sosiologi sastra pangripta apadene pamaca. Metodhe panliten sing digunakake yaiku metodhe deskriptif. Sumber dhata panliten iki yaiku cerbung Tikus Bangkok sing kapacak ing kalawarti Djaka Lodhang wiwit tanggal 8 Agustus 2015 nganti 28 Nopember 2015 kanthi cacah 17 edhisi, dene dhata panliten yaiku konflik sosial sing bisa dituduhake lumantar pacelathon sing kedadeyan saka tembung, ukara, paragraf, antawacana sarta dheskripsi solah bawa sing digambarake dening pangripta. Piranti kanggo nglumpukake dhata yaiku kertu dhata lan tabel klasifikasi dhata. Teknik nglumpukake dhata kanthi teknik nyiapake lembar dhata, seleksi dhata, dheskripsi, lan ndudut. Sabanjure dhata dijlentrehake kanthi nggunakake teknik deskriptif-interpretatif. Asile panliten yaiku ngandharake telung prekara ing antarane 1) gegambaran konflik sosial, 2) panyebab lan pamungkase konflik sosial, lan 3) nilai-nilai sing diugemi masyarakat sajrone cerbung. Gegambaran konflik sosial digambarake kanthi wujud padudon, pangincim, lan pancakara sing dumadi antarane pawongan siji lan sijine, pawongan karo pawongan sing makili klompok, pawongan karo klompok, sarta antarane klompok karo klompok. Panyebab tuwuhe konflik sosial yaiku jalaran karakteristik saben wong lan kapreluwan sing beda. Pamungkase konflik sosial ditindakake kanthi cara mediasi, kompromi, kemenangan salah siji pihak, lan anane kalungguhan pamarentah. Nilai-nilai sing diugemi masyarakat sajrone cerbung yaiku nilai gotong royong, waspada,wasis, rukun, lan sumeleh. Tembung wigati: konflik sosial, cerbung, sosiologi sastra