Kritik Sosial Sajrone Antologi Geguritan Ogal Agel Buntut Kebo Anggitane St Sri Emyani
Main Author: | BAGUS DWIANTORO, ARDIAN |
---|---|
Format: | Article info Document eJournal |
Bahasa: | eng |
Terbitan: |
Universitas Negeri Surabaya
, 2017
|
Online Access: |
https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/19329 https://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/19329/17652 |
Daftar Isi:
- Abstrak Abstrak memuat uraian singkat mengenai masalah dan tujuan penelitian, metode yang digunakan, dan hasil penelitian. Tekanan penulisan abstrak terutama pada hasil penelitian. Abstrak ditulis dalam bahasa Indonesia dan Bahasa Inggris. Pengetikan abstrak dilakukan dengan spasi tunggal dengan margin yang lebih sempit dari margin kanan dan kiri teks utama. Kata kunci perlu dicantumkan untuk menggambarkan ranah masalah yang diteliti dan istilah-istilah pokok yang mendasari pelaksanaan penelitian. Kata-kata kunci dapat berupa kata tunggal atau gabungan kata. Jumlah kata-kata kunci 3-5 kata. Kata-kata kunci ini diperlukan untuk komputerisasi. Pencarian judul penelitian dan abstraknya dipermudah dengan kata-kata kunci tersebut. Antologi geguritan Ogal Agel Buntut Kebo anggitane St Sri Emyani ngandhut kritik sosial kang onjo. Kritik iku katuturake kanthi pangudarasane penggurit ngenani kahanan ing sakiwa tengene, banjur diandharake kanthi basa kang endah lan nyengsemake. Gayut karo andharan ing dhuwur, underan saka panliten iki yaiku: (1) Kepriye kritik sosial kang ana sajrone antologi geguritan Ogal Agel Buntut Kebo anggitane St. Emyani? (2) Kepriye sambung rapete kritik sosial mau karo kasunyatan kang dumadi ing masyarakat?. Saka underan panliten mau panliten iki nduweni tujuwan yaiku: (1) Ngandharake kritik sosial sajrone antologi geguritan Ogal Agel Buntut Kebo anggitane St. Emyani. (2) Ngandharake sambung rapete kritik sosial sajrone guritan klawan kasunyatan kang dumadi ing masyarakat. Dene paedah panliten iki yaiku nduweni ancas kanggo nyengkuyung pangrembakane ilmu sastra, kanggo dalan mangerteni lan nintingi karya sastra mligine sosiologi sastra, lan bisa dadi bahan kanggo piwulangan sastra ing sekolah. Kritik sosial kang ana ing antologi guritan Ogal Agel Buntut Kebo anggitane St Sri Emyani iki bakal ditintingi kanthi nggunakake teori sosiologi sastra kang diandharake Wellek lan Warren kang kapindho, yaiku studi sosiologi karya sastra. Saliyane kuwi panliten iki uga nggunakake metode deskriptif kualitatif. Sumber dhata sajrone panliten iki yaiku pat belas guritan kang ana ing antologi Ogal Agel Buntut Kebo anggitane St Sri Emyani. Dene kang dadi dhata panliten yaiku arupa tembung, ukara sarta gatra lan pada kang ngandhut kritik sosial ing antologi geguritan Ogal Agel Buntut Kebo anggitane St Sri Emyani. Cara ngumpulake dhata yaiku nemokake unit analisis, nemtokake sampel lan nyathet dhata. Sajrone ngolah dhata yaiku nintingi wujud kritik social kang kacundhukake klawan tintingan sosiologi sastra kang dipunjerake marang sosiologi isi karya sastra kang ana sesambungane klawan kedadeyan ing masyarakat. Kritik sosial kang ana ing antologi geguritan Ogal Agel Buntut Kebo iki ngandharake (1) Kritik Ngenani Owahe Kabudayan kang isine kritik sosial ilange kabudayan kang kegeser jaman lan kritik sosial kabudayan tradhisional owah dadi kabudayan modern. (2) Kritik Ngenani Kahanane Masyarakat. (3) Kritik Marang Panguwasa kang isine panguwasa ora mikirake wong cilik lan panguwasa golek kayane dhewe tanpa mikirne liyan. Tembung wigati: kritik sosial, antologi geguritan, sastra.