LEGENDHA PASAREAN ANDONGSARI ING DESA LEDOK KULON KABUPATEN BOJONEGORO

Main Authors: NOVACERYA, RINDHA, , SUKARMAN
Format: eJournal
Bahasa: ind
Terbitan: BARADHA , 2013
Online Access: http://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/1711
Daftar Isi:
  • ABSTRAK     Legendha Pasarean Andongsari minangka sawijining wujud folklor lisan kang dumunung ing desa Ledok Kulon, Kabupaten Bojonegoro. Legendha kasebut nduweni gegayutan marang lelakone Tumenggung Metaun kang ora gelem kirim upeti marang Mataram, amarga mangerteni yen Mataram sekongkol karo Walanda. Tumenggung Metahun banjur nylamur dadi tukang kentung lan dadi tukang tambang ing desa Ledok Kulon kanthi jeneng sesinglon Mbah Andongsari. Mbah Andong senengane tetulung kanthi rasa iklas, lan ora nyawang sapa kang arep ditulung. Amarga sejatine wong sekti, Mbah Andong nalika nambangake mung ngangkat tekene, banjur prau iku mlaku dhewe. Amarga andhap asor, mbah Andong diajeni ing desa kasebut.