Pamilihe Tembung lan Lelewane Basa Sajrone Antologi Geguritan Bakal Terus Gumebyar anggitane Suci Hadi Suwita ( Tintingan Stilistika)
Main Authors: | PUSPITASARI, MERIYA, PAIRIN, UDJANG |
---|---|
Format: | eJournal |
Bahasa: | ind |
Terbitan: |
BARADHA
, 2015
|
Online Access: |
http://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/13080 |
Daftar Isi:
- Meriya Puspitasari Pembimbing: Prof, Dr Udjang Pairin M. Basir, M.Pd Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (Jawa) Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya Abstrak Antologi geguritan BTG mujudake kasusastran kang diripta dening pangripta utawa sastrawan wadon. Kahanan urip bebrayan kang dideleng saka pangrasane sastrawan wadon tamtune beda yen dibandhingake sastrawan lanang kaya padatane. Pangaruh kahanan sosial, daya kratifitas lan imajinasine dadi bab sing narik kawigaten panliti kanggo ngonceki antologi geguritan BTG iki lumantar wadhah sawijine panliten. Panliten iki nggunakake metodhe deskriptif kualitatif yaiku panliten kang medharake kasunyatan utawa tandha-tandha kang empiris lan tuwuh saka kedadeyan sumber pancelathon utawa panutur. Sumber dhata panliten iki yaiku saka geguritan kanthi cacah 11 sajrone antologi, dikumpulake kanthi cara nyathet gaguritan kang nggunakake fonologi, morfologi, sintaksis, semantik lan lelewane basa sing selaras. Saka andharan ing ndhuwur, perkawa utama sajrone panliten iki yaiku (1) kepriye diksi sajrone antologi geguritan BTG? (2) kepriye wujud lelewane basa sajrone antologi geguritan BTG? (3) kepriye makna sajrone antologi geguritan BTG?. Adhedasar rumusan masalah kasebut bisa didudut yen tujuwan panlitene yaiku (1) nuduhake diksi sajrone antologi geguritan BTG (2) nemokake lelewane basa sajrone antologi geguritan BTG (3) nemokake makna sajrone antologi geguritan BTG. Saka asil pnliten iki yaiku njlentrehake penganggone diksi lan lelewane basa kang diperang dadi purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra lan konsonansi. Banjur titi tembung utawa bab morfologis kang ana sajrone geguritan tersebut yaiku ater-ater, seselan, panambang lan konfiks, tembung rangkep kang diperang dadi dwilingga padha swara lan dwilingga salinswara, sing pungkasan yaiku tembung camboran. Ing bab titi ukara diperang dadi pemendekan, inversi, antonym, sinonim, teges entar lan hiponim. Bab pencitraan diperang dumadi citraan pangambu, citraan pangrungu, citraan pandulu lan citraan pangecap.