PANGETRAPING PRIMBON JAMPI JAWI ING BEBRAYAN JAWA
Main Authors: | AL M, NISFULLAILAH, WAHYU WIDAYATI, SRI |
---|---|
Format: | eJournal |
Bahasa: | ind |
Terbitan: |
BARADHA
, 2015
|
Online Access: |
http://ejournal.unesa.ac.id/index.php/baradha/article/view/13012 |
Daftar Isi:
- Nisfullailah Al Maulidiyah Jurusan S1 Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya anis.nilam@ymail.com Dra. Sri Wahyu Widayati, M.Si. Dosen S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya ABSTRAK Primbon mujudake ringkesane saka maneka piwulang kang ngrembaka sajrone tradhisi Jawa kaya ta ngelmu petung, pethek, japa mantra, lan sapanunggalane. Nganti saiki primbon isih dipercaya dening masyarakat Jawa. Asil kasusastran Jawa klasik kang diarani primbon mujudake reriptan sastra kang nganti saiki isih ngrembaka ing bebrayan Jawa, kalebu Primbon Jampi Jawi. Mula primbon kasebut kang kapilih minangka objek panliten sajrone panliten iki. Panliten iki nduwe tujuwan kanggo ngandharake pangetraping Primbon Jampi Jawi ing bebrayan Jawa. Panliten iki kalebu jinis panliten kualitatif. Panliten kualitatif adate medharake datane kanthi nggunakake metodhe deskriptif. Najan andharan asile panliten ora ngandharake kritik teks kanggo nintingi utawa nyunting teks saengga bisa nggayuh wujud teks kang otentik. Panliten iki mujudake panliten filologi modern. Jalaran panliten iki mujudake panliten ngenani sastra kang ngrembug babagan kabasan, kasastran, lan kabudayan tumrap asil budaya manungsa jaman biyen kang awujud manuskrip. Sumber data sajrone panliten iki ana loro, yaiku naskah Primbon Jampi Jawi lan bebrayan Jawa Desa Gondowido kang isih nggunakake primbon. metodhe kang digunakake kanggo nglumpukake data uga ana loro, yaiku metodhe dhokumentasi lan metodhe wawancara. Ana telung cara kang ditindakake kanggo nganalisis data sajrone panliten iki. Telung cara kasebut yaiku open coding, axial coding, lan selective coding. Asil panliten iki ana papat, kang kapisan andharan gegambarane naskah Primbon Jampi Jawi. Kang kapindho yaiku andharan gegambarane Desa Gondowido. Primbon kasebut mujudake naskah salinan saka maneka babon primbon. Isine ngrembug samubarang kang sesambungan klawan panguripane manungsa wiwit lair nganti mati. Kang katelu ngandharake panampane masyarakat tumrap isi Primbon Jampi Jawi. Saka andharan kasebut bisa dingerteni ana telung panampa tumrap isi Primbon Jampi Jawi. Panampane masyarakat tumrap isi primbon diperang dadi telu, yaiku afirmasi (nampa), negasi (ditampik), lan penyelarasan. Panliten iki ngandharake pangetraping isi Primbon Jampi Jawi ditampa lan dislarasake dening masyarakat Jawa. Isi primbon kang isih digunakake yaiku petungane wong nikah, petungane wong nandur, petungane wong ngedegake omah, petungane wong pindhah boyong, ngalamate wong ngipi, wong lara, petungane wong mertamu, petungane wong golek asil, sarta sasi lan taun Jawa. Lan asil panliten kapapat ngandharake pangetraping isi Primbon Jampi Jawi kang isih digunakake ing masyarakat Jawa. Tembung Wigati : Primbon Jampi Jawi, Trap-Trapane Primbon ing Masyarakat.